Laman

Minggu, 24 Maret 2013

Kawruh Basa 2

Unggah-ungguh Bahasa Jawa
             Ing bebrayan (masyarakat) Jawa kerep keprungu tetembungan unggah-ungguh. Tegese unggah-ungguh yaiku sopan santun, tata krama. Wong Jawa saiki akeh sing ngarani yen wong enom wis ora nduweni unggah-ungguh maneh. Mesthi bae. Wong saiki tindak lakune kudu cepet anggere slamet, ora kaya wong Jawa jaman biten sing duwe pathokan nguler kambang, alon-alon waton kelakon. Kanthi lumakune waktu lan jaman, mesthi ana owah gingsire kahanan, jalaran tuwuh kahanan anyar utawa sangsaya majune teknologi bakal nuwuhake owah-owahan. Apa iku owah-owahan sikap, apa tindak tanduk. Malah-malah saiki akeh wong Jawa sing wis ora gelem nganggo basa Jawa maneh, sanajanta wong mau asale saka Surakarta lan Ngayogjakarta. Kahanan iki nyebabake basa Jawa ngalami owah gingsir, bisa-bisa ngalami ilang musna kaya basa Jawa Kuna sing jaman saiki wis wong Jawa sing ora ngerti. Akeh wong Jawa sing wis ora ngerti basa Jawa maneh. Ngertia ya mung capet-capet, apa maneh nganggo basa sing ndakik-ndakik.
               Jaman saiki akeh wong desa sing dadi priyayi gedhe ing Jakarta, dene sing biyen trahing kusuma rembesing madu ing kraton Surakarta lan Ngayogjakarta dadi priyayi lumrah. Kadhangkala wong-wong ing sacedhake (tangga teparone) priyayi mau ora mangerteni yen priyayi mau tedhaking kusuma rembesing madu, kaya paribasan kang kamot ing tembang Dhandhanggula, diemot (dimuat) ing buku " Ngengrengan Kasustran Jawi" karangan S. Padmosukoco, paribasan tunggak jarak mrajak, tunggak jati mati, temah nampa papan kang nistha.
                 Basa Krama Lugu aturake kaya Basa Kramantara, lan Basa Krama Andhap (krama Alus) kaya Mudha Krama. Kena apa kok basa Mudhakrama? Jalaran basa Mudha Krama iku kramane wong enom marang wong tuwa. Wong Jawa nduweni watak ngajeni wong kang dijak guneman lan ngasorake awake dhewe, kaya ing basa Ngoko Alus utawa Ngoko Andhap.
Kepriye dulur tanggapan panjenengan?

DAFTAR BLOG TER-UPDATE