Laman

Selasa, 26 Maret 2013

Kawruh Basa 3

UNGGAH-UNGGUH BASA JAWA
         Basa Jawi inggih menika basa budaya, kejawi gadhah pigunan nggadhahi peran kangge sarana perwujudan sikap budaya ingkang trep kaliyan nilai-nilai luhur. Basa  lan sastra Jawi inggih menika unsur budaya ingkang dipun ginakaken kangge alat komunikasi kedaerahan khususipun masyarakat Jawa. Wonten saklebetipun basa lan sastra menika wonten nilai-nilai etika lan nilai-nilai moral ingkang luhur. Amargi menika ngrembakaken basa lan sastra Jawi wonten pembentukan watak bangsa Indonesia, saha mujudaken ciri khas bangsa Indonesia.
       Jalur pendidikan ingkang kedhah dipun realisasiaken supados basa Jawi mboten pejah inggih menika jalur pendidikan kulawarga jalur pendidikan sekolah saha jalur pendidikan masyarakat.

Jalur pendidikan sekolah
a.  Jalur pendidikan kulawarga
b.  Jalur pendidikan masyarakat
c.  Jalur pendidikan sekolah

         Unggah-unggah Basa Jawi
Unggah-ungguh menika tata krama kangge ngurmati tiyang sanes. Menggahing tata krama tiyang sesra wungan punika kedah kurmat-kinurmatan. Dene tumindak mekaten:
a.  Tiyang enem utawi anak kedah ngurmati tiyang sepuhipun utawi tiyang sanes ingkang langkung sepuh.
b.  kanthi mekaten tetela bilih unggah-unggahipun basa menika dados sarana kangge ndapuk utawi ndhedherjiwa susila.

Basa krama inggih menika basa ingkang alur. Dene ginanipun inggih menika:
a. Kangge rermbakan tiyang enem dhumateng tiyang sepuh
b. Kangge pirembakan tiyang enem dhumateng tiyang ingkang langkung sepuh sanasipun.
c. Kangge pirembakan tiyang sepuh dhumateng tiyang sanes ingkang dipun hurmati.

DAFTAR BLOG TER-UPDATE